Selasa, 26 Maret 2013

MC JAWA



OSTIKC Jawa

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم. الحمد لله الذي جعل الدين رباطا بين قلوب المؤمنين. وامر باتحاد وتعاون, ونهى عن الفحشاء والمنكر والتنازع فى كتابه الكريم. والصلاة والسلام على سيدنا المرسلين, وعلى اله واصحابه اجمعين.
قال الله تعالى فى القران الكريم, اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم. سبحان الذى اسرى بعبده ليلا من المسجد الحرام الى المسجد الاقصى الذى باركنا حوله لنريه من آيتنا انه هو السميع البصير.
اما بعد :
-Ingkang kinurmatan Almukarrom Romo KH. Ahmad Hisyam Syafa’at ingkang tansah kito to’ati lan kito mulyaaken.

-Dumateng Bpk. Bupati Banyuwangi Bpk. Ir. Syamsul Hadi ingkang kawulo hormati.

-Hadirin Hadirot kakung sumowono putri ingkang minulyo. Mboten wonten ukoro ingkang langkung sahe dipun sampeaken deneng kawulaneng gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang andadosaken kawulonipun, kejawi naming raos syukur Al hamdulillah amergi sampun paring pinten-pinten rohmat taufiq serto hidayah ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo sehinggo wonten dalu meniko kito saget makempal wonten ing acoro isro’ mi’roj Nabi  Besar Muhammad SAW ingkang dipun kawontenaken deneng Organisasi  Santri Kecamatan Cluring Asuhan Pon.Pes. Darussalam Blokagung Banyuwangi kanti mboten rebudeneng sandikolo.

-Sholawat serto salam mugi-mugi kumatur dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW panjeneganipun Nabi Akhiruzzaman ingkang sampun nyalini toto penguripan awit songko Zaman Jahiliyah dumugineng Zaman Islamiyah ya’ni agami islam.

-Kanti linembaran pepayung budi soho ngaturaken agunge pengersami wonten dalu meniko  Jum’at Suryo Tigo Welas Robiul Awwal Setunggalewu Sekawanatus Selangkung H. ingkang keleresan Suryo 17 April 2004 M.  acoro Isro’ Mi’roj  Nabi Muhammad SAW resmi kito milai.

1.      Poro rawoh tamu undangan ingkang sinubo ing pakurmatan tumapak reruncining adicoro ingkang kawitan inggih puniko pembuko, monggo kito wiwiti kanti waosan Surotul Fatihah.
تحةعلى النيتناالصلحة الفا
2.      Reruncining adicoro ingkang nomer kalih inggih puniko waosan ayat Suci Al qur’an ingkang bade dipun waos deneng sederek Fauzan Ikhsan wekdal soho panggonan kawulo sumanggaaken .

awulo aturaken matur nembah nuwun.

3.      Dungkap reruncining acoro ingkang kaping tigo inggih puniko sekapur sirih ingkang bade dipun sampeaken deneng Imam Nawawi. wekdal soho panggonan kaulo sumanggaaken.
Kawulo aturaken matur nembah nuwun.
4.      Tumapak acoro ingkang kaping sekawan inggih puniko Istirohat.
Poro rawuh tamu undangan ingkang  sinubo ing pakurmatan. acoro Istirohah sampun rampung .

5.      Reruncining adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko Mauidhotul hasanah ingkang bade kawedar sabdaaken deneng panjenenganipun Bpk KH. Ahmad Hisyam Syafa’at ing sakmeniko sasono soho suasono kaulo sumanggaaken.
Kawulo aturaken agunge matur nuwun.

6.      Ngelajengaken reruncining acoro ingkang kaping enem inggih puniko Dungo deneng pituwonggo ingkang pinuji panjenenganipun KH.  Khoirul Anam.
wekdal soho panggonan kawulo sumanggaaken .
Kawulo aturaken agunge matur nembah nuwun.

Hadirin poro rawuh tamu undangan ingkang sinubo ing pakurmatan  kanti paripurno dungo mertandani paripurno ugi sedoyo acoro ing dalu puniko

Hambok bilih saking kawulo katah kelepatan kulo nyuwun agunge samudro pangeksami.
اِِيرالقولى  اهدنا الصراط المستقيم .والسلام عليكم ...الخ.






































G3K Jawa

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته.
اعوذبالله من الشيطان الرجيم . بسم الله الرحمن الرحبم , الحمد لله رب العلمين والصلاة والسلام على اشرف سالانبياء والمرسلين ,وعلى اله وصحبه اجمعين .اما بعد. قال رسول الله  ص م . من اعظم مولدى كنت له شفيعا يو م القيا مة .
-        Hadrotul  kirom poro bapak  alim ulama’ khusushon dumateng panjenenganipun pengasuh pondok pesantren Darussalam Al mukarrom Romo KH. Ahmad Hisyam Syafa’at Soho Ibu Ny. Hj. Handariyatul Masruroh ikang kawulo To’ati.
-        Ingkang kawulo Hormati Dumateng  Almukarrom KH. Zainuddin  MZ. sangking Jakarta.
-        Dumateng Bapak Hadi Santoso, Camat Srono
-        Poro Rawuh Tamu undangan ingkang minulyo

Mboten wonten kalimat ingkang patut dipun aturaken wonten acoro pengaosan Maulid Nabi Muhammad SAW puniko, Sak lintunipun ngaturaken  puji syukur kito wonten ngerso dalem Alloh Ta’ala kanti ucapan Alhamdulillah keranten lantaran ni’mat lan ma’unah ipun, kito sedoyo saget makempal wonten meriki panggenan kanti sehat wal’afiat .

Sholawat soho salam mugi tansah kaaturaken dumateng kanjeng nabi  Muhammad SAW ingkang sampun nuduhaken ing kito maring mergi engkang dipun ridhoi dining Alloh  inggih puniko (Addiinul Islam).

1.      Poro rawuh  ingkang minulyo   acoro pengaosan Maulud Nabi Mahammad SAW  sangking Orcab Persas S3MR kalian masyarakat Bagorejo tanggal 16 Maret 2005 M. bertepatan kalian 8 Robi’ul Awal 1426 H Resmi dipun bikak kanti waosan ummul kitab supadhos acoro awal ngantos akhir mboten wonten setunggalipun alangan punopokemawon Alaniatinassholihah Alfaatihah. 

2.      Selajengipun  adicoro engkang kaping kaleh waosan Ayat suci Alqur’an ingkang dipun sampeaken deneng sederek Aviah Muhtaroh.
         Dumateng sederek Aviah Muhtaroh kawulo sumanggaaken.

Dipun aturaken maturnembah nuwun.
3.             Poro rawuh ingkang minulyo selajengipun adicaro ingkang kaping tigo  inggih puniko sambutan-sambutan, sambutan ingkang sepindah dipun sampeaken deneng  Bpk. M. Rifa’i  atas nami ketua orcab S3MR Dumateng panjenenganipun Bapak M. Rifa’i kawulo sumanggaaken.

4.      Sambutan ingkang kaping kaleh bade dipun sampeakan dining bapak camat Srono dumateng Bapak Hadi Santoso kawulo sumanggaaken.

5.      Poro rawuh ingkang minulyo. Adicoro selajengipun inggih puniko Istirohat.

         acoro istirohat dipun nyataaken sampun mantun .
6.      Poro rawuh ingkang minulyo adicoro selajengipun inggih puniko Hikmah Maulid Nabi SAW. ingkang bade di sampeaken dining Almukarrom  KH.Zainuddin MZ sangking jakarta, dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan dipun sumanggaaken.

7.      Poro rawuh ingkang minulyo kangge tambahipun hikmah wonten dalu puniko, monggo sesarengan kito tutup kanti waosan Ummul kitab supados acoro sangking awal hinggo akhir dados manfaat lan barokah  (Alfaatihah).

Kanti berakhir ipun dungo berarti ugi akhir adicoro wonten ing dalu puniko, Akhir atur kulo atas nami pembagi acoro bilih woten salah lan lepatipun kulo nyuwun agunge pangapunten.


Akhiru qouli Wassalau’alaikum Wr.Wb.
IKSAS Jawa

اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم. الحمد لله رب العالمبن والصلاة رالسلام علىاشرف الانبياء والمرسلين وعلى اله واصحابه اجمعين. قال الله تعالى فى كتابه الكريم. بسم الله الرحمن الرحيم. لقد كان لكم فى رسول الله اسوة حسنة, الاية ااما بعد :

-        Dumateng poro bapak kyai tuin poro Alim ulama’ priagung ingkang tansah siruyudan .
-        Panjenenganipun Almukarom romo KH. Ahmad Imam haudi,  Pengasuh Pon.pes. Darul falah.
-        Dumateng Bapak Hasan bisri ingkang kawulo bekteni.
-        Poro satrianeng  negari ingkang tuhu dados pandom-pandoming  kawulo dasih .
-        Poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah sinawuron rohmatipun Alloh  Ta’ala, Dzat ingkang moho mirah.

1.      Ing dalu puniko jumat, 10 April 2004 M. ketepatan kalian 20 shofar 1425 H. ing dalem acoro pengaosan “Maulid Nabi Muhammad SAW “ ingkang dipun wontenaken deneng Orda IKSAS (Ikatan Santri Sumatra) sesarengan kalian pengurus Masjid Darunnajah Resmi kito bikak kanti waosan Surotul Fatihah.

2.      Dungkap titilaksono sak lajengipun, inggih puniko waosan Ayat-ayat Suci                       Alqur’an ingkang kasariro deneng sederek Luluk Yukanah,  sasono wicoro  kawulo sumangga aken .
Poro rawuh, tamu undangan kakung sumowono putri ingkang tansah sinawuran Rohmatipun Alloh.

3.      Titilaksono ing sak lajengipun inggih puniko pembagioharjo
1.       Atur pembagioharjo ingkang sepindah saking panitia, Dumateng Panjenenganipun Bapak Muzaki Sag.  dipun sumanggaaken.
2.       Atur pembagiyoharjo ingkang kaping kalih saking ta’mir Masjid  Darunnajah. Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.
3.       Atur pembagiyoharjo ingkang kaping tigo saking Bapak Camat semendawai suku tigo. Dumateng Bapak Cecep Nanang Bastomi dipun aturi sumonggo.

4.      Poro rawoh tamu undangan kakung sumowono putri ingkang situhu kinormatan .Adicoro ingkang, selajengipun istirahat, bade dipun isi kalian kesenian sangking konco-konco kesatria.
Dumateng  konco-konco kesatrio dipun sumanggaaken.

Acoro istirahat sampun paripurno.
5.      Poro rawuh tamu undangan, dungkap titi laksono sak lajengipun inggih puniko ular-ular ingkang bade dipun sarirani kalian panjenenganipun romo KH. Ahmad Imam Haudi pengasuh Pon.pes Darul falah.
         Dumateng Romo KH. Ahmad Haudi dipun sumanggaaken.

6.      Poro rawuh tamu undangan sumawono putri, ingkan situhu kinurmatan. Dumugi adicoro ingkang pamungkas inggih puniko do’a. Ingkang bade kapimpin kalian panjenenganipun romo KH. Abdurrohim. Dumateng panjenenganipun dipun aturi sumonggo.

7.      Poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang situhu kinurmatan awalan tuwin pungkasan, titilaksono sampun kito ayahi sesarengan, mbok bilih anggene kawulo matur, wonten turo dungkapipun soho cacat cupetipun kawulo minongko panitia leksono mawantu-wantu nyuwun agunge samudro pangeksami.
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

S3MR Jawa

الحمدلله الدىارسل رسوله باال
هدى ودين الحق ليظهره على كله ولوكره الكفرون.  الصلاة والسلام على خير الخلق الله وعلى اله واصحابه ومن تبعه باحسان الى يوم الدين اما بعد .
-        Ingkang kawulo mulyaaken dumateng poro ulama’ khususipun KH. Ahmad Muzaki pengasuh Pon. Pes. Al Qodiri, Ingkang kaulo mulyaaken dumateng kepolo deso, poro rawuh ingkang tansah ambek satu budi.
-        Kalian sedoyo rohmat tuin hidayat Alloh SWT ing dalu meniko. kaleresan kalian dinten Sabtu malem ahad warso 2 Mei 2004 utawi 12 Robiul awwal 1425  H.

1.      Acoro pengajian Akbar Maulid Nabi Muhammad SAW. Resmi kito bikak kalian waosan Ummul Qur’an .

2.      Kelajengan adi coro ingkang ongko kalih inggih puniko Pengaosan Ayat-ayat Suci Al Quran  ingkang bade kasariro kalian sederek Aimmah Abdulloh, Dumateng Sederek Aimmah Abdulloh kawulo sumanggaaken .

3.      Adicoro ingkang  ongko tigo inggih puniko atur pambagioharjo sangking panitia, ingkang bade kasariro kalian sederek Mutmainnah .
Dumateng sederek Mutmainnah kaulo sumanggaaken .

4.      Atur pembagioharjo ingkang kaping kalih, Atas Nami Kepolo Deso ingkang  Bade Kasampeaken deneng Bapak Huda.
Dumateng Panjenenganipun Kawulo Sumanggaaken.

5.      Poro rawuh kakung sumowono putri ingkang minulyo, Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko Mau’idhotul Hasanah, igkang bade kasariro kalian ingkang minulyo KH. A. Mazakki. Pengasuh Pon.Pes. Al Qodiri. sangking kuto srono.Dumateng Al Mukarrom  Kawulo sumanggaaken .

6.      Dungkap adicoro ingkang terahir inggih puniko Dongo.ingkang bade dipun pandegani kalian Bpk Ainur Rofiq
Dumateng panjenenganipun kawulo sumangga aken .

7.      Poro rawuh kakung sumowono putri ingkang minulyo, mekaten adicoro ing dalu meniko sampun kito Ayahi sesarengan mugi saget manfa’ati dumateng kito sami ing dalem dunyo tuwin akhirot Amin
احير القولى. والله الموافق الى اقوام الطارق.  والسلام عليكم...اليح














CBP2

الحمد لله الدى انعم علينا بنعمة الايمان والاسلام وارسل رسوله على كافة الامم .
والصلاة والسلام على سيدنا محمد خير الانام وعلى اله واصحبه الكرام .اما بعد
-        Ingkang kito mulyaaken poro ‘Alim  Ulama’  khususipun  Dumateng pengasuh Pon.Pes. Darussalam Blokagung Almukarrom  Bpk KH. Ahmad Hisyam Syafa’at.

-        Ingkang kito mulyaaken Rois suriyah NU jawa timur Bpk KH. Masduki Mahfudz sangking malang.

-        Ingkang kinurmatan Bpk. H. Ir. Syamsul Hadi soho muspida kabupaten  Banyuwangi.

-        Hadirin walhadirot kakung sumowono putri ingkang minulyo.
=       sak derengipun adicoro kalaksanaaken sumonggo kito muji syukur dumateng ngersanipun Alloh SWT. awit kanti lantaran Rohmat soho nikmatipun Alloh SWT.  kito sedoyo saget kempal wonten meniko panggenan kangge meringati Maulid Nabi Muhammad SAW.  Ing dalu meniko kanti kawontenan sehat walafiat.

=       Sholawat soho salam mugi tansah dipun aturaken dumateng ngersanipun Nabi Agung Nabi Muhammad SAW ingkang sampun ndugeaken ing kito sedoyo saking zaman jahiliyah dumateng  jaman islamiyah.

1.      Pengajian Akbar minongko meringati Maulid Nabi Muhammad SAW.  Jum’at 17 April 2004 kito bukak sesarengan kanti Waosan surat Al fatihah
علىهده النية القتحه...!
2.      Dumawah acoro ingkang nomer kalih ingih puniko waosan ayat suci Al qur’an ingkang bade dipun waos deneng sederek Ulwiyah.
Dumateng panjenenganipun sederek Ulwiyah dipun sumanggaaken.

3.      Hadirin hadirot ingkang minulyo lumebet adicoro ingkang  nomer tigo inggih puniko atur pambagio saking panitia ingkang bade dipun aturaken deneng sederek Nurhidayah. wekdal soho panggonan dipun aturaken.

4.      Hadirin hadirot ingkang minulyo, dungkap titilaksono  selajengipun inggih puniko atur pembagioharjo kawiwitan dawuh saking pengasuh Pon.Pes. Darussalam Blokagung, dumateng Almukarrom Bpk KH. Hisyam Syafa’at wekdal soho sasono kawulo sumanggaaken 

5.      Atur pembagio ingkang nomer kalih inggih puniko bade dipun aturaken dining wakil wali santri, dumateng ingkang kinurmatan Bpk Drs Ainurrofiq kawulo sumangga aken.

6.      Atur pembagio ingkang ongko tigo inggih puniko ingkang bade dipun aturaken deneng Bpk Bupati Banyuwangi Dumateng kinurmatan Ir. H. Syamsul hadi kawulo sumanggaaken.

7.      Poro rawuh dungkap toto laksono selajengipun monggo kito midangetaken hikmah maulid nabi besar Muhammad SAW. Ingkang bade kasariro kalian panjenenganipun ketua pengurus besar NU, dumateng almukarrom........ wekdal soho saksono kawulo sumanggaaken.

8.      Wahosan do’a ingkang dipun pandegani kalian panjenenganipun almukarrom bapak KH. Dailami ahmad, kawulo sumanggaaken.
9.             Kanti paripurnaning do’a mongko paripurno sedoyu adicoro peringatan maulid nabi wonten dalu meniko, saking kawulo kirang langkungipun nyuwun agunge samudro pangaksami.

بالله توفيق والهداية والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته
G2KWB Jawa
السلام عليكم ورجمة الله وبركاته. الحمد لله الذى يدور لاوقات الصلوات خلق الارض والسموات صلاة وسلاما على سيدنا محمد صاحب الكرمات والمعجيزات وعلى اله واصحابه الطهرات. أما بعد.
-        Hadrotul mukarromin poro Bapak AlimUlama’ Khususon dumateng pengasuh pondok pesantren Darussalam  Almukarrom  KH ِAhmad Hisyam Syafa’at .
-        Poro bapak tuwin poro ibu dewan asatidz lan asatidzah ingkang tuhu kinabekten .
-        Soho rencang-rencang santri engkang tansah bebeg bombonging manah.

-Mboten wonten atur ingkang pantes kawulo aturaken kejawi atur puji syukur wonten ngarso dalem Alloh SWT ingkang sampun pareng taufiq soho hidayahipun sehinggo kito saget makempal bermuwajjahah kanti kawontenan sehat wal’afiat .
-
Sholawat soho salam mugi tetep kanjuk dumaten baginda Nabi  Muhammad SAW. ingkang sampun nglumantaraaken kito sangking  Zaman Saqowah temuju dumateng Zaman Sa’adah .

-Poro rawuh ingkang tansah bebek bombonging manah, dalu meniko Jumat 15 April 2004 acoro pengaosan maulid Nabi Muhammad SAW. resmi kito bikak kanti adicoro.

1.      Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pembukaan, Sumonggo kito bikak acoro puniko kalian Surotul Fatihah ing pengajab adicoro ingkang kito ayahi lumamapah kanti rancak mboten wonten alangan setunggal punopo.
لرضاه تعالى ولشفاعة رسول الله .....الفاتحة
2.      Dungkap titi acoro ingkang nomer kalih inggih puniko waosan ayat Suci Al Qur’an ingkang bade kawaosaken dumateng sederek Natijatul Muhifah, dumateng sederek Natijatul Muhifah kawulo sumanggaaken .
صدق الله العظيم بارك الله لناولكم بقرأة القرأن العظيم
Kawulo aturaken agunging panuwun.
3.      Dungkap titilaksono selajengipun haningggih atur pembagioharjo ingkang bade kasampeaken kaliyan Ibu. Ridha nur basitha, dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.
Dipun ucapaken matur nembah pinuwun.

4.      Kawulo lajengaken adicoro nomer sekawan haningih sambutan-sambutan.
-.    Sambutan ingkang pertama dumateng Ibu. Mislu Lediana, dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.
Kawulo aturaken agunge panuwun.

5.      Hadirin hadirot ingkang minulyo, sakmeniko kito lumebet titikaksono ingkang nomer gangsal  haninggih istirahat.
Wekdal istirahat sampun paripurno.

6.      Hadirin hadirot ingkang minulyo, dungkap adicoro ingkang nomer enem haninggih Mau’idotul hasanah, ingkang dipun sampeaken kalian almukarrom Bapak Najimul baldan. Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.
Kawulo aturaken agunging panuwun.

7.      Dungkep adicoro ingkang terakhir haninggih penutup kalian do’a.
Ingkang bade dipun pimpin kalian Bapak Mabruri Yahya. Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.
Ananging sakderenge adicoro puniko dipun ayahi, kawulo minongko paniti laksono wonten dalu puniko menawi wonten kelepatan kulo nyuwun pangapunten sak ageng-agengipun. 
Dumateng Bapak Mabruri Yahya kawulo sumanggaaken.

0 komentar:

Posting Komentar